materi sinom,wayang,jajanan tradisional , pranata acara , aksara jawa

1.Tembang macapat sinom

1.pengertian
Sekar macapat sinom yaiku salah sawijining sekar macapat kang baiase manggoni urutanke-3 ing macapat.
Sinom  iku ateges kanoman
, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wonganom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
2.watake tembang sinom
Sekar macapat sinom iku watake :-
 canthas,-
 trengginas,-
 lincah, lan-
 grapyak.
3.gambaran tembang sinom
Tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan(Haryatmo dkk, 2003:14).Secara garis besar, sekar macapat sinom iku nggambarake menungsa kang nduweni sipatkang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya
4.guru gatra , guru wilangan , guru lagu tembang sinom
-Guru gatra : cacahe gatra(baris) saben sak pada (bait ).-
-Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) saben sak gatra(baris).
 Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning gatra(baris).

Sinom Laras Pelog Pathet Nem
  Nu-la-dha la-ku u-ta-ma
 Tum-mra-pe wong ta-nah Ja-wi
 Wong a-gung ing ngek-si-gan-da
 Pa-nem-ba-han Se-no-pa-ti
 Ka-pa-ti a-mar-su-di
 Su-da-ne ha-wa lan nap-su
 Pi-ne-su ta-pa bra-ta
Tan-nan-pi ing si-yang ra-tr i
 Ha-me-ma-ngun kar-ye-nak tyas-sing sa-sa-ma
- 
Guru gatra : 9-
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8,12-
Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a
2.Pranata acara
Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda
      Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.
      Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.
    Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.
       Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.
     Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :
·          Swara
    Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).
     Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.
       Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.
·          Busana ( Ageman )
     Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae.Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacar punapa ingkang badhe dipun ayahi.
      Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.
      Wonten ing babagan mangagem busana ( ageman ) punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika :
“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”
( Menggunakan Pakian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin, jadi harus sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan waran pakaian, pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )
     Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara saha pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.
·         Subasita ( Trapsila )
      Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, sagd ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening ing asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).
      Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.
      Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa.
·          Basa lan sastra
      Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.
Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam  saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
Leres  : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan parasastranipun.
      Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.
·          Ancer – ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda.
      Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.
Pathokan-pathokan wau inggih punika :
1.     Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa.
2.     Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
3.     Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.
4.     Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.
5.     Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.
6.     Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
7.     Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.



3.Wayang
Asal Usul
Prabu Pandu Dewanata mempunyai dua orang isteri yaitu Dewi Kuntitalibrata dengan Dewi Madrim. Prabu Pandu adalah putra Raden Abiyasa raja dari Astina, sedangkan Dewi Kuntitalibrata adalah putri dari Prabu Kuntibojo raja Mandura, dan Dewi Madrim adalah putri dari Prabu Mandrapati raja Mandraka.
Dari perkawinan Pandu dengan Kunti menghasilkan 3 putra yaitu: Puntadewa, Bratasena dan Arjuna, sedangkan dari perkawinannya dengan Madrim menghasilkan 2 putra, yaitu: Nakula dan Sadewa, yang dilahirkan kembar. Tetapi kedua anak kembar ini mulai kecil diasuh oleh ibu Kunti karena ditinggal mati ayah dan ibunya (Madrim).
.
Kelima anak Prabu Pandu itulah yang disebut dengan PANDAWA
1. PUNTADEWA.
adalah raja negara Amarta atau Indrapasta. Setelah perang Baratayuda Puntadewa menjadi raja Astina yang bergelar Prabu Kalimataya. Nama lain yang dipakai adalah: Darmawangsa, Darmakusuma, Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, Sami Aji (sebutan dari Prabu Kresna). Sifatnya: jujur, sabar, hatinya suci, berbudi luhur, suka menolong sesama, mencintai orang tua serta melindungi saudara-saudaranya.
Pusakanya bernama: Jamus Kalimasada, yang mempunyai kekuatan sebagai perlindungan dan petunjuk pada kebenaran serta kesejahteraan. Mempunyai dua isteri yaitu: Dewi Drupadi dan Dwi Kuntulwilaten.
2. BRATASENA.
Setelah dewasa bernama Werkudara. adalah ksatria Jodipati dan Tunggulpamenang. Pernah menjadi raja di Gilingwesi, dengan gelar Prabu Tuguwasesa. Nama lain yang dipakai adalah: Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Sifatnya: jujur, tidak sombong, jiwanya suci, sangat patuh kepada guru-gurunya (terutama dengan Dewa Ruci), mencintai ibunya serta menjaga saudara-saudaranya. Bila berperang semboyannya adalah menang, bila kalah berarti mati. Bratasena adalah merupakan suri tauladan kehidupan dengan sifat yang jujur dan jiwanya suci.
Pusakanya adalah: Kuku Pancanaka di tangan kanan dan kiri sangat ampuh, sangat kuat dan tajam. Selain kuku pancanaka Werkudara juga mempunyai kekuatan angin (lima
 kekuatan angin), serta dapat membongkar gunung. Mempunyai dua permaisuri yaitu: Arimbi dan Nagagini. Dengan Arimbi mendapatkan putra bernama Gatotkaca, yang dapat terbang tanpa sayap. Dari perkawinannya dengan Nagagini memperoleh putra bernama Antasena yang dapat masuk ke dalam bumi dan menguasai samodra. Bratasena pada waktu lahir dalam keadaan bungkus. Yang menyobek bungkus tersebut adalah Gajah Situ Seno. Pada waktu itu Gajah Situ Seno masuk ke dalam tubuh Bratasena, sehingga mempunyai kekuatan luar biasa dan bisa menyobek bungkus tersebut.
3. ARJUNA.
adalah ksatria Madukara, juga menjadi raja di Tinjomoya. Nama lain yang dipakai sangat banyak, antara lain: Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Sifatnya: Suka menolong sesama, gemar bertapa, cerdik dan pandai, ahli dibidang kebudayaan dan kesenian.
Arjuna adalah ksatria yang sakti mandraguna, kekasih para Dewa, ia adalah titisan Dewa Wisnu. Istri Arjuna banyak sekali, ia dijuluki lelananging jagad, parasnya sangat tampan dan tidak ada tandingannya. Permaisurinya di arcapada adalah Wara Sumbadra dan Wara Srikandi. Selain itu masih banyak lagi istri-istrinya antara lain: Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, dsbnya.
Permaisuri di kahyangan antara lain Dewi Supraba, Dewi Dersanala pada bidadari di Tinjomaya. Arjuna berjiwa ksatria, berjiwa luhur, suka menolong, serta kesayangan para Dewa. Tetapi ada kelemahan yang tidak boleh diteladani dan ditrapkan pada jaman sekarang yaitu beristri banyak.
4. NAKULA.
adalah anak ke empat Prabu Pandu Dewanata dengan Dewi Madrim yang lahir kembar dengan Sadewa. Ayah dan ibunya (Madrim) meninggal pada waktu si kembar masih kecil, oleh karena itu sejak kecil mereka diasuh oleh ibu Kunti dengan tidak membedakan antara satu dengan lainnya.
Setelah perang Bratajuda Nakula dan Sadewa menjadi raja di Mandraka dengan Sadewa. Nama lain adalah Raden Pinten. Nakula adalah ahli dalam bidang Pertanian. Pada waktu perang Baratayuda, Nakula dan Sadewa yang bisa meluluhkan hati Prabu Salya (dari pi- hak Kurawa). Sebab Prabu Salya adalah saudara Dewi Madrim, selain itu sebenarnya dalam hatinya memihak pada kebenaran yaitu Pandawa. Akhirnya Prabu Salya memberitahukan kepada Nakula dan Sadewa bahwa yang bisa mengalahkannya hanyalah Puntadewa, karena Puntadewa berdarah putih.
5. SADEWA.
adalah anak kelima Prabu Pandu dengan Madrim, dilahirkan kembar dengan Nakula. Setelah perang Baratayuda Sadewa menjadi raja dengan Nakula di Mandraka. Nama kecil Sadewa adalah raden Tangsen. Sadewa adalah ahli dalam bidang peternakan.
Ia kawin dengan Endang Sadarmi, anak Bagawan Tembangpetra dari Pertapaan Parangalas, dan mempunyai putra bernama Sabekti.

Komentar

Postingan Populer